Powered By Blogger

Kamis, 28 Januari 2010




  1. DASAR-DASAR ILMU TAUHID
Bismillah hirohmanirrokhim

─ Ilahi : duh pengeran kulo

─ Antah maksudi : utawi panjenengan gusti engkang kulo sejo
─ Whaaridhookah matlubi : lan ridho panjenengan gusti engkang kulo padosi

Albaqara ayat 115
─ Walillahhi : lan iku keduwe AllahLihat Blog
─ Al masyriquh : utawi jagad wetan
─ Wal maghribu : lan jagad kulon
─ Fa’ainamal twalluh : monko ono endi enggon madep siro kabeh mahluk
─ Fatshammaa wajhullah : mongko yo ono kono siro madep marang dzate Allah
─ Innallaha : setuhune Allah
─ Waasyi’un : dzat kang jembar
─ Aalimun : tur kang ngudaneni

 Endi-endi wong mukallaf diwajibno ngaweruhi sifat wajibe gusti Allah (20),sifat mokale (20),sifat wenange (1) dibeber dadi (10) sak mokale, jumlahe (50)
  •  Sifat wajibe gusti Allah iku ono (20)
1. Sifat Wujud
Tegese gusti Allah iku mesti anane
• Mokal Adam
Tegese mokal lamon gusti Allah iku ora ono
 Dalile : As sajadah ayat 4
─ Allahu : utawi Allah
─ Alladzi : iku dzat
─ Kholaqossamaawaati : kang wes gawe 7 langet
─ Wal ardho : lan 7 bumi
─ Wamaa bainahumaa : Lan barang kang antarane 7 langet lan 7 bumi.

2. Sifat Qidam
Tegese gusti Allah iku disek, disik’e ora ono seng ndisik’I, karine ora ono seng ngareni.
• Mokal Kudus
Tegese mokal lamon gusti Allah iku anyar
 Dalile : Al hadidi ayat 3
─ Huwa : Utawi Allah
─ Al awwalu : Dzat kang awal
─ Wal aakhiru : Lan dzat kang akhir
“Awale gusti Allah ora ono kawitane, akhire gusti Allah ora ono pungkasane”

3. Sifat baqa’
Tegese gusti Allah iku tetep
“Tetepe ora songko obah, ora songko meneng”
• Mokal fana’
Tegese mokal lamon gusti Allah rusak
 Dalile :
─ Wayabqo : lan tetep
─ Wajhurobbikah : Lan opo dzate pengeran iro (Muhammad)
─ Dzul jalaali : kang nduweni sifat keluhuran
─ Wal iqrom : lan nduweni sifat kemulyaan

4. Sifat mukholaftul lilkhawaditsi
Tegease gusti Allah iku nyulayani sekabehe barang kang anyar
• Mokal mumasalathul lilkhawadist
Tegese mokal lamon gusti Allah iku podho karo barang kang anyar
 Dalile :
─ Laisha :ora ono
─ Kamisilihi : koyo umpamane Allah
─ Syai’un : opo swiji-wiji

5. Sifat Qiyamuhu binafsihi
Tegese gusti Allah iku jumeneng ono dzate dewe
• Mokal ihtiajuhu lighoirihi
Tegese mokal lamon gusti Allah iku khajat panggonan liyo

 Dalile :Al angkabut ayat 6
─ Innallaha : Setehune Allah
─ Laa ghoiniyun : yekti dzat kang semogeh
─ Anil aalamiin : Anduh wong sak alam kabeh

6. Sifat wahdaniyat
Tegese Gusti Allah iku Swiji
o Swiji dzate :kamutaIel ora, kamufasil yo ora
o Swiji sifatet :kamutasil ora, kamufasil yo ora
o Penggawene :Mutasil wajib, kamufasil ora.
• Mokal ta’addud
Tegese mokal lamon gusti Allah iku wilangan
 Dalile:Al ihklas ayat 1
─ Qul : Dawuho siro Muhammad
─ Huwallah : utawi Allah
─ Ahadun : mung siji

7. Sifat Qudrot
Tegesae gusti Allah iku kuoso
• Mokal Ajzun
Tegese mokal lamon gusti Allah iku apes
 Dalile : Albaqoro ayat 20
─ Innallaha :Setuhune Allah
─ Alaa kullisyai’in : ing atase saben swiji-wiji
─ Qodiiron :Kang kuoso

8. Sifat irodat
Tegese gusti Allah iku kersoh
• Mokal Karoha
Tegese mokal lamon gusti Allah iku kesereng
 Dalile : Hud ayat 107
─ Inna robbakah :Setuhune paengeran iro Muhammad
─ Fa’allul :dzat kang akeh-akeh gawene
─ Limaiyurid :paring barang sak kersane Allah ing barang

9. Sifat Ilmu
Tegese gusti Allah iku ngudaneni
• Mokal jahlun
Tegese mokal lamon gusti Allah iku bodoh

 Dalile :Ali Imron ayat 119
─ Innallaha :Setuhune Allah
─ Aalimun :Dzat kang ngudaneni
─ Bidzaatis sudur :kelawan samar-samar ing dodo

10. Sifat hayat
Tegese gusti Allah iku orep
• Mokal mautu
Tegese mokal lamon gusti Allah iku mati
 Dalile : Al furqon ayat 58
─ Watawaqkal :Lan pasraho siro Muhammad
─ Alal khaiyil : ing ngatase dzat kang orep
─ Alladzi laayaamut :dzat kang ora mati-mati

11. Sifat Sama’
Tegese gusti Allah iku mrungu
”Mrungune ora nganggo kopeng”
• Mokal shomamu
Tegese mokal gusti Allah iku tuli
 Dalile :Ali imron ayat 121
─ Walillahi :utawi Allah
─ Samii’un :dzat kang mrunggu
─ Aliimun : tur kang ngdaneni

12. Sifat Bashor
Tegese gusti Allah iku ningali
“Ningalane ora nganggo moto”
• Mokal Ammah
Tegese mokal lamon gusti Allah iku wutoh
 Dalile :Al hujurot ayat 18
─ Wallahu :utawi Allah
─ Basyiirun : Dzat kang ningali
─ Bimaa ta’maluun :kelawan barang kang siro lakoni kabeh ing barang

13. Sifat Kalam
Tegese gusti Allah iku dawuh
" Dawuhe ora nganggo huruf, Ora nganggo suoro"
• Mokal Bukmun
Tegese mokal lamon gusti Allah iku bisu
 Dalile :Annisa’ ayat 164
─ Waa kalaamullah : Lan wes dawuh sop[o Allah
─ Musa : ing nabi Musa
─ Taqliiman : kelawan dawuh sak temene

14. Sifat Qounuhu Qoodiron
Tegese anane gusti Allah iku dzat kang kuoso
• Mokal Qounuhu Azizan
Tegese mokal lamon anane Gusti Allah iku dzat kang apes
 Dalile : Albaqoro ayat 20
─ Innallaha :Setuhune Allah
─ Alaa kullisyai’in : ing atase saben swiji-wiji
─ Qodiiron :Kang kuoso

15. Sifat Qounuhu muridhan
Tegese anane gusti Allah iku dzat kang kersoh
• Mokal Qounuhu karihan
Tegese mokal lamon anane gusti Allah iku dzat kang kesereng
 Dalile : Hud ayat 107
─ Inna robbakah :Setuhune paengeran iro Muhammad
─ Fa’allul :dzat kang akeh-akeh gawene
─ Limaiyurid :paring barang sak kersane Allah ing barang

16. Sifat Qounuhu Aliman
Tegese anane gusti Allah iku dzat kang ngudaneni
• Mokal Qounuhu jahilan
Tegese mokal lamon anane gusti Allah iku dzat kang bodoh
 Dalile :Ali Imron ayat 119
─ Innallaha :Setuhune Allah
─ Aalimun :Dzat kang ngudaneni
─ Bidzaatis sudur :kelawan samar-samar ing dodo

17. Sifat Qounuhu khaiyan
Tegese anane gusti Allah iku dzat kang orep
“uripe ora nganggo nyowo,ora nganggo rogo”
• Moikal Qounuhu maiyitan
Tegese mokal lamon anane gusti Allah iku mati
 Dalile : Al furqon ayat 58
─ Watawaqkal :Lan pasraho siro Muhammad
─ Alal khaiyil ladzi : ing ngatase dzat kang orep
─ Alladzi laayaamuthu :dzat kang ora mati-mati

18. Sifat Qounuhu Sami’an
Tegese anane gusti Allah iku dzat kang mrungu
“Mrungune ora nganggo kopeng”
• Mokal Qounuhu A’ma
Tegese mokal lamon nane gusti Allah iku dzat kang tuli
 Dalile :Ali imron ayat 121
─ Walillahi :utawi Allah
─ Samii’un :dzat kang mrunggu
─ Aliimun : tur kang ngdaneni

19. Sifat Qounuhu Bashron
Tegese anane gusti Allah iku dzat kang ningali
“Ningalane ora nanggo moto”
• Mokal Qounuhu A’ma
Tegese mokal lamon anane gudti Allah iku dzat kang Wutoh
 Dalile :Al hujurot ayat 18
─ Wallahu :utawi Allah
─ Basyiirun : Dzat kang ningali
─ Bimaa ta’maluun :kelawan barang kang siro lakoni kabeh ing barang

20. Sifat Qounuhu Muttakalliman
Tegese anane gusti Allah iku dzat kang dawuh
”Dawuhe ora nganggo huruf,ora nganggo suoro”
• Mokal Qounuhu Abkam
Tegese mokal lamon anane gusti Allah iku dzat kang bisu
 Dalile :Annisa’ ayat 164
─ Waa kalaamullah : Lan wes dawuh sop[o Allah
─ Musa : ing nabi Musa
─ Taqliiman : kelawan dawuh sak temene

  •  Sifat wenange gusti Allah iku ono 1 dibeber dadi 10 sak mokale,rupane:
• Gusti Allah gawe bumi langet sak isine iku wenang
─ Mokal lamon wajib
• Gusti Allah gawe bumi langet sak isine ora dialap faedah
─ Mokal lamopn bumilanget sak isine di alap faedah
• Gusti Allah gawe bumi langet sak isine ora duwe doyo kuat
─ Mokal lamon bumi langet sak isine duwe doyo kuat
• Gusti Allah gawe bumi langet sak isisne ora duwe doyo watek
─ Mokal lamon bumi langget sak isine duwe doyo watek
• Gusti Allah gawe bumi langet sak isine anyar
─ Mokal lamon bumi langet sak isine Qidam

  •  Sifat wajibe gusti Allah 20 di bagi dadi 4 rupane:
1) Na fsiyah
Tegese bongso awak-awak’an kanggone mahluk,mungguhe Allah dzat wujud ijen balane ono siji rupane sifat Wujud
 Dalile :albaqoro ayat 115
─ Walillahhi : lan iku keduwe Allah
─ Al masyriquh : utawi jagad wetan
─ Wal maghribu : lan jagad kulon
─ Fa’ainamal twalluh : monko ono endi enggon siro kabeh mahluk
─ Fatshammaa wajhullah : mongko yo ono kono siro madep marang dzate Allah
─ Innllaha : setuhune Allah
─ Waasyi’un aliim : dzat kang jembar
─ Aalimun : tur kang ngudaneni

2) Salbiyah
Tegese sifat prabot / penolakan,kanggo ndedel barang seng gak patut menyang Allah,balane ono 5,rupane:
o Qidam
o Baqo’
o Mukholafatul lilkhawaditsi
o Qiyamuhu binafsihi
o Wahdaniyat
 Dalile : Alma’idah ayat 73
─ Laaqot kafarolladziina qoolu :yekti kafir kabeh seng sapane wong akeh kang bodho ngucap
─ Innallaha tsalisun tsalaasatin :Setuhune Allah kapeng telune perkoro telu

3) Ma’ani
Tegese gusti Allah sak durunge gawe bumi langet sak isine ,wes kanggonan sifat ma’ani,wes kuoso,weskerso,sak piturute balane ono 7,rupane:
o Qudrot
o Irodat
o Ilmu
o Khayat
o Sama’
o Bashor
o Qalam
 Dalile : At thoha ayt 14
─ Innani :setuhune ingson
─ Ana :yo ingson iki
─ Allah :Allah
─ Laailah hailaah ana :ora ono pengeran kejobo ingson dewe Allah

4) Ma’nawiyah
Tegese gusti Allah sak wise gawe bumi langert sak isine kang kanggonan sifat Ma’nawiayah,kang kuoso,ksng kerso sak piturute, balane ono 7 ,rupane:
o Qodiron
o Murhidhqn
o Aliman
o Khaiyan
o Sami’an
o Bashiron
o Muttakaliman
 Dalile :As shofat ayat 96
─ Wallahu :Utawi Allah
─ Kholaqokum :kang wes ndadk akeh siro kabeh mahluk
─ Wamaa ta’malun :Lan barabg kang siro lakoni kabeh

  •  Mu’taqot 50 dibagi dadi 2:
A. Istihgna’ Angkulima siwahu
Tegese gusti Allah semogeh anduh wong sak alam kabeh
─ Yen songko mu’taqot 50 balane ono 28
o Wajib
o Mokal
o Wenang
─ Yen songko mu’taqot 40 balane ono 22
o Wajib
o Mokal
─ Yen songko mu’taqot 20 balane ono 11
o Wajb
Rupane:
─ Wujud
─ Qidam
─ Baqo’
─ Mukholafatu lilkhawaditsi
─ Qiyamuhu binafsihi
─ Sama’
─ Bashor
─ Qalam
─ Sami’an
─ Bashiron
─ Muttakaliman

11-12 sak mokale sak kurangane di pekno sifat wenange gusti Allah 3-6 sak mokale rupane:
• Gusti Allah gawe bumi langet sak isine ora di alap faedah
─ Mokal lamon bumi langet sak isine di alap faedah
• Gusti Allah gawe bumi langet sak isine ora duwe doyo kuat
─ Mokal lamon bumi langet sak isine duwe doyo kuat
• Gusti Allah gawe bumi langet sak isine ora duwe doyo watek
─ Mokal lamon bumi langet sak isine duwe doyo watek
3-6 sak mokale,6-22 jumlahe 28

B. Istiqooru kullima adahu illaihi
Tegese karepe barang sak liyane Allah,karep menyang Allah kabeh
─ Yen songko Mu’taqot 50 balane ono 22
• Wajib
• Moakal
• Wenang
─ Yen songko mu’taqot 40 balane ono 18
o Wajib
o Mokal
─ Yen songko mu’taqot 20 balane ono 9
o Wajib
Rupane:
─ Qudrot
─ Irodhat
─ Ilmu
─ Khayat
─ Qodhiron
─ Muridhan
─ Aliman
─ Khaiyan
─ Wahdaniyat
9-8 sak mokale,sak kurangane dipekno sifat wenange gusti Allah 2,4 sak mokale rupane:
 Gusti Allah gawe bumi langet sak isine wenang
─ Mokal lamon wajib
 Gusti Allah gawe bumi langet sak isine anyar
─ Mokal lamon Qidam
2-4 sak mokale ,4-18 jumlahe 22,22 - 28 jumlahe 50
 Istighna’ yen songko mu’taqot 50,balane ono 28 dibagi dadi 2
a. Kamal
Tegese sampurno ,yen songko mu’taqot 50 balane ono 12
o Wajib
o Mokal
o Wenang
Yen songko mu’taqot 40 balane ono 10
o Wajib
o Mokal
Yen songko mu’taqot 20 balane ono 5
o Wajib
Rupane:
─ Wujud
─ Qidam
─ Baqa’
─ Mukholafatu lilkhawaditsi
─ Qiyamuhu binafsihi
5-10 sak mokale sak kurangane di pekno sifat wennge gusti Allah 1,2 sak mokale rupane:
 Gusti Allah gawe bumi langet sak isine ora di alap faedah
─ Mokal lamon bumi langet sak isine di alap faedah

1-2 sak mokale ,2-10 jumlahe 12
b. Jamal
Tegese bagus ,yen songko mu’taqot 50 balane ono 16,
o Wajib
o Mokal
o Wenang
Yen songko mu’taqot 40 balane ono 12
o Wajib
o Mokal
Yen songko mu’taqot 20 balane ono 6
o Wajib
Rupane:
─ Sama’
─ Bashor
─ Qalam
─ Sami’an
─ Bashiron
─ Muttaqaliman
6-12 sak mokale ,sak kurangane di pekno sifat wenange gsti Allah 2-4 sak mokale rupane:
 Gusti Allah gawe bumi langet sak isine ora duwe doyo kuat
─ Mokal lamon bumi langet sak isine due doyo kuat
 Gusti Allah gawe bumi langet sak isine ora duwe doyo watek
─ Mokal lamon bumi langet sak isine duwe doyo watek
2-4 sak mokale,4-12 jumlahe 16.16-12 jumlahe 28



 Hurufe lafal jalalah iku ono 4 هـ ﻝ ﻝ ﺍ
Biso ngetokno hurufe lafal akbar,ugo hurufe lafal akbar ono 4 ﺭ ﺏ ﻙ ﺍ
 Kamal
ﺍ lafal jalalah biso ngetokno ﺍ lafal akbar
ﺍ lafal akbar biso mengkuh sifat kamal,balane ono 12
 Kamal tegese sampurno,nyampurnani nang lhaae kalimat tauhid ,Lhaanafi nyampurnani marang 4 perkoro:
o Turu
o Tangi
o Orep
o Mati

 Jamal
ﻝ lafal jalalah biso ngetokno ﻙ lafal akbar
ﻙ lafal akbar biso mengkuh sifat jamal,balane ono 12
 Jamal tegese Bagus,mbagusi nang ilaha e kalimat tauhid,ilaha manfi mbagusi marang
4 perkoro:
o Enom
o Tuo
o Bagus
o Olo

 Jalal
ﻝ lafal jalalah biso ngetokno ﺏ lafal akbar
ﺏ lafal akbar,biso mengkuh sifat jalal,balane ono 10
 Jalal tegese luhur,ngeluhuri nang illah e kalimat tauhid,illah isbat ngeluhuri marang
4 perkoro:
o Lungo
o Teko
o Ono
o Sowong

 Qohar
هـ lafal jalalh biso ngetokno ﺭ lafal akbar
ﺭ lafal akbar biso mengkuh sifat Qohar,balane ono 12
 Qohar tegese meseso,mesesani nang Allahu e kalimat tauhid,Allahu musbat masesani nmarang 4 perkoro:
o Kuat
o Apes obah
o Meneng

 Hurufe lafal jalalh iku ono 4 هـ ﻝ ﻝ ﺍ biso ngetokno ilmu,ilmu iku ono 4 rupane:
 Syare’at
 Toreqot
 Hakekat
 Ma’rifat

 ﺍ Lafal jalalah biso ndudokno ilmu syare’at
• Syare’at tegese dalan,panggonanae ono lisan
• Wong-wongane kudu niat
• Ibadah wudhune nganggo banyu
• Sembayangane kudu,ngadek,rukuk,sujud,lonngoh
• Seng nduweni angguto(tubuh)

 ﻝ awale lafal jalalh biso ndudokno ilmu Toreqot
• Toreqot tegese dalan ,panggonane ono ati
• Wong-wongane kudu tandangi
• Ibadah wudhune tinggal khasud
• Sembayangane ahli welas
• Seng nduweni ati

 ﻝ sanine lafal jalalah biso ndudokno ilmu hakekat
• Hakekat tegese nyoto,panggonane ono nyowo
• Wong-wongane kudu tinggal rumongso
• Ibadah wudhune tinggal takabur
• Sembayangane kudu sabar
• Seng nduweni nyowo
 هـ lafal jalalh biso ndudokno ilmu Ma’rifat
• A’rifat tegese dalan,panggonane ono pangroso
• Wong-wongane kudu weroh
• Ibadah wudhune kudu anteng
• Sembayangane kudu yemen
• Seng nduweni pngroso

BAB HUKUM
Hukum iku ono 3

 Hukum Adat
 Hukum Syara’
 Hukum Akal
“Hukum tegese uwet,Adat iku kebiasaan”

 Planggerane hokum adat iku ono 7

• Prentah
Prentah adat ,koyo dene prentahe negoro
• Cegah
Cegah adat,koyo dene cegahe neagoro
• Diayoni bula-bali
Adate nek jam 12 ono bedok muni
• Panggepo’an
Adate nek geni di gepok panas,nek es di gepok adem
• Neksiri nglabeti
Nek mari udan ono barang liwat mesti ono labete
• Adam manic
Lamon gak ono cegah
• Sah sulayane
Hukum adat gak pasti

 Planggerane hokum adat iku ono 7 dibagi dadi 4 rupane:
• Wujud sambong wujud
Anane belajar,anane pinter
• Adam sambong adam
Gak anane belajar,gak anane pinter
• Wujud sambong adam
Anane belajar,gak anane bodoh
• Adam sambong wujud
Gak anane belajar,gak anane pinter

 Planggerane hokum syara’ iku ono 7rupane:
• Prentah
Prenta syara’sembayang 5 waktu iku prentahe syara’
• Cegah
Cegah syara’,barang maksiat iku cegahe syara’
• Sebab
Sebab di prentahno sembayang mergo wes akil baligh
• Syarat
Wong sembayang kudu wero syarat 8
• Planggeran
Wong sembayang kudu wero planggeran sembayang 5 waktu
• Rukun 17
Wong sembayang kudu wero syarat ,rukun 17
• Mamnik
Lamon gak ono cegah
 Planggeran rukun 7 di beber dadi 8 rupane:
• Wajib
Dilakoni di ganjar,di tinggal di sekso
• Sunah
Di lakoni di ganjar,di tinggal gak popoh
• Halal
Barang seng di halalno nok syara’ iku barang seng halal

• Haram
Barang seng di haramno nok syara’ iku barang seng haram
• Absyah
Barang seng di absyah no nok syara’ iku barang seng absyah
• Wenang
Mangan,ngombeh,iku wenang
• Batal
Wong nek sembayang ngentot iku batal
• Makruh
Di lakoni gak popoh,di tinggal oleh ganjaran

 Planggerane hukum akal iku ono 6
• Netepno siji nang siji
Tegese sifat wajibe gusti Allah 20 tetep menyang Allah kabeh,Wujud,Qidam,Baqa’ tetp menyang Allah kabeh.
• Nyepekno siji nang siji
Tegese sifst mokale gusti Allah 20,nyepi menyang Allah kabeh,Adam,Kudus,Fana’,nyepi menyang Allah kabeh
• Di ayoni bula-bali
Tegese sifat wajibe gusti Allah 20 di jih awit nalikane jaman nabi Adam sampek temekane dino kiamat tetep 20.
• Nyelehno sabab
Sebabe gusti Allah mujudno bumi langet sak isine seng dadi sabab gusti Allah,seng musabab bumi langet sak isine.
• Nyelehno syarat
Gusti Allah mujudno bumi langet sak isine seng kanggonan sifat 20,seng masrut bumi langet sak isine.
• Mamnik mamnuk
“Mamnik tegese cegah,mamnuk sebg di cegah”,
Cegahe bumi langet sak isine gak oleh ngaku wujud dewe-dewe sebaba di wujudno karo gusti Allah,banjur ono gegeran,gegerane mungkin wujud karo mungkin adam,gegerane mungkin wujud karep mujudno,gegerane mungkin adam karep ngadamno
nalikane bumi langet sak isine di wujudno karo gusti Alllah,di kuh mungkin wujud karo mungkin adam,banjor mongkin wujud kondo karo mungkin adam “oh dam aku saiki wes biso wujud dewe,”
Adam jawab”yen siro biso wujud dewe siro arep dadi wong opo jud?”
Wujud jawab”aku arep dadi wong wenang”
Adam jawab”yen siro dadi wong wenang,aku yo melu dadi wong wenang,
Di peker-peker wujud rumongso salah ,vbanjur kondo karo mungkim adam”oh dam,nek ngono sai’ki siro whae seng dadi wong wenang,aku seng dadi wong apes”
Adam jawab”yen siro dadi wong apes,aku yo meli dadi wong apes,sebab siro karo aku odo-podo whae”.
Di runguh-rungu wes sepi ora ono gegeran,gegerane mungkin wujud ora biso mujudno,gegerane mungkin adan ora biso ngadamno,Banjur bumi langet sak isine di dawuhi karo gusti Allah,”oh bumi langet sak isine,ojo siro ngaku wujud dewe-dewe,bali aku seng ngujudno sirop sekarohe”.jawabe bumi langet sak isine”oh dados panjenengan gusti engkang ngujud aken kulo.”

BAB TA’LUK
Tegese penggawe seng gumantung.
Sifat wajibe gusti Allah 20 seng ta’luk ono 6 rupane:
• Qudrot
• Irodat
• Sam,a’
• Ilmu
• Qalam

 Qudrot,Irodat ta’luk ta’sir
Tegese penggawe seng nglabeti,nglabeti sekabehe mungkin,mungkin iku ono 2 rupane:
o Mungkin wujud
Qudrot irodat na’luki nang mungkin wujud bali dadi adam
o Mungkin adam
Qudrot irodat na’luki nang mungkin adam bali dadi wujud.
• Mungkin iku ono 2 dibagi dadi 6 rupane:
o mungkin wujud
Pantes temen nek di arani ono
o mungkin adam
Pantes temen nek di arani gak ono
o mungkin sifat
Pantes temen nek di arani rupo
o mungkin jihat
Pantes temen nek di arani arah-arahan,elor,kedol,wetan,kulon
o mungkin jaman
Pantes temen nek di arani mongso,ono mongso ketigo,ono mongso rending.
o mungkin maqom
Pantes temen nek di arani panggonan.

 Sama’ Bashor ta’luk nang hisab
Tegese penggawe seng nglabeti,nglabeti sekabehe wujud,wujud iku ono 2,rupane:
o Wujud Qodhimah
Sama’ Bashor ta’luk nang wujud Qodhimah
Tegese wes tak runguh,wes tak tingali yen gusti Allah iku Dzat wajibul wujud
o Wujud Khadisah
Sama’ Bashor ta’luk nang wujud Khadisah
Tegese wes tak rungu,wes tak tingali yen bumi langet sak isine iku wujud anyar.
• Wujud iku ono 2 di beber dadi 10 rupane:
o Wujud Qodhimah
Tegese wujude gusti Allah iku wujud disek
o Wujud Khadisah
Tegese wujud bumi langet sak isine iku wujud anyar
o Wujud Dhini
Tegese wujude bongso petekatan,ati nekadno nek malaekat iku wujud
o Wujud Hakikih
Tegese wujud seng nyoto
o Wujud Majhasi
Tegese bongso ayang-ayangan utowo etok-etokan
o Wujud Dzati
Tegese wujude bongso panggepo;an,mengkuh jihad 2,kasar lan alus,isyarahe sembayang subuh 2 roka’at
o Wujud Sima’i
Tegese wujude bongso pangrungu ,mengkuh jihad 4,elor,kedol,wetan,kulon.
Isyarahe sembayang Dzuhur 4 roka’at.
o Wujud Riiki
Tegese wujude bongso pangrungu mengku jihad 4,elor,kedol,wetan,kulon
o Wujud Bashori
Tegese wujud bongso paningal,mengku jihad,ngarep,kiwo,tengen.isyarahe sembayang magrib 3 roka’at.
o Wujud Tho’mi
Tegese bongso pangroso,mengku jihad 4legi,pait,panas,adem.isyarahe sembayang isya’ 4 roka’at.

 Ilmu Qalam ta’luk nang dhalalah
Tegese penggawe seng ndudokno,ndudokno sekabehe
o Wajib
o Mokal
o Wenang
• Ilmu ta,luk nang wajib
Tegese gusti Allah iku wes ngudaneni nang dzate dewe,yen dzate iku ,wajib wujude,wajib qidame,wajib Baqo’e. sak piturute sampek 20
• Ilmu ta’luk nang moakl
Tegese gusti Allah iku wes ngudaneni nang dzate dewe,yen dzate iku mokal adame,mokal kuduse,mokal fana’e sak piturute sampek 20.
• Ilmu ta’luk nang wenang
Teghese gusti Allah iku wes ngudaneni nang Dzate dewe,yen dzate iku,wenang ngerohno,wenang gak ngerohno.
• Qalam ta’luk nang wajib,koyo dawuh
─ Innani:Setuhune ingson
─ Ana:yo ingson iki
─ Allah:Allah
─ Lhaaila haillah ana:sethune orah ono pengeran kejobo ingson dewe(Allah)
• Qalam ta’luk nang mokal ,koyo dawuh
─ Innallah:setuhune Allah
─ Saliisun:kapeng telune
─ Salasaatin:perkoro telu
Mokal,lamon gusti Allah sampek 1,2,3
• Qalam ta’luk nang wenang,koyo dawuh
─ Wallahu:setuhune Allah
─ Kholaaqoqum:kang wes ndadek akeh siro kabeh mahluk
─ Wamaa ta’malun:lan barang kang siro lakoni kabeh.

BAB IMAN
Rukun iman iku ono 6,di beber dadi 20,rupane:
• Ngiman aken Allah
• Ngiman aken malaikate Allah
• Ngiman aken kitabe Allah
• Ngiman aken utusane Allah
• Ngiman aken dino akhir/dino kiamat
• Ngiman aken pasten,olo bagus pastene Allah
• Iman Hidayah
Tegese pituduh,isyarahe ngadeke sembayanang,oleh-olehane awan padang.
• Iman maksum
Tegese di reksoh,isyarahe ruku’e sembayang,oleh-olehane bengi di reksoh.
• Iman Makbul
Tegese di trimo,isyarahe sujude sembayang,oleh—olehane di rekso sengenge.
• Iman Syahar
Tegese wulan,Isyarahe lungguhe sembayang,oleh-olehane wulan ,tanggal.
• Iman Matbuk
Tegese Watek,wateke malaikat iku nek sembayang,ngadek-ngdek,rukuk-ruku wae,lungguh-lunguh wae.
• Iman maksum
Tegese seng di reksoh,koyo imane poro rosul
• Iman makbul
Tegese iman seng di tromo,koyo imane wong mu’min kamil seng netepi ilmu 4,syare’at,toreqot,hakekat,ma’rifat.
• Iman Mauquf
Tegese iman seng kandek,koyo iamane wong ahli bit’ah,bit’ah iku ono 5.
o Bit’ah wajib
o Bit’ah sunah
o Bit’ah wenang
o Bit’ah makruh
o Bit’ah haram
• Iman Mardut
Tegese iman seng di tolak,koyo imane wong munafik,seng gak podo njobonjerone
• Iman Taqlib
Tegese koyo imane wong seng atut-atutan
• Iman Dalil
Tegese koyo iamane wong seng percoyo nang dalil
• Iman Murokkobha
Tegese koyo imane wong seng injeng-injenhg menyang Allah
• Iman Khak
Tegese iman seng nyoto,koyo imane wali majdud
• Iman Ainul yakin
Tegese koyo imane poro utusan.
 Na’ul wujud iku ono 4/werno iku ono 4 rupane:
• Gak khajad kang ngujudno,gak khajad panggonan tetep,rupane dzatullah
• Gak khajad kang ngujudno,khajad panggonan tetep,rupanr sifatullah
• Khajad kang ngujudno,khajad panggonan gak tetep,rupane dzatul khawadis
• Khajad kang ngujudno,khajad panggonan tetep,rupane sifatul khawadis

 Hurufe Kalimat Tauhid Iku Ono 12
nafi jinisTegese ora ono tunggale mane-mane
• ﺍ mokal lamon ono tunggale
• ﺍ isbat irodat tegese tetep sak kersane Allah
• ﻝ naïf mujtahid naqiro tegese seng ati-ati ojo ngalap pengeran akeh-akeh
• هـ isbat akhadiah tegese tetep swiji dzate Allah
• ﺍ isbat hidayah tegese tetep pituduhe Allah
• ﻝ nafi ubudiah tegese ora ono sesembahan sak liyane Allah
• ﺍ mokal lamon ono sesembahan sak liyane Allah
• ﺍ isbat wahdiah tegese tetep swiji sifate Allah
• ﻝ isbat taqdim tegese tetep ke agungane Allah
• ﻝ mokal lamon ora taqdim tegese mokal lamon gusti Allah ora agung
• هـ isbat hawiyah tegese tetep swiji kejembarane Allah

 Istghna’ iku ono 5
• Istighna’ fa’il
Tegese gusti Allah semogeh gak boto nang seng mojodno,sebab gusti Allah wes biso wujud dewe,balane ono 4 rupane:
o Wujud
o Qidam
o Baqo’
o Mukholafatu lilkhawadisi
• Istighna’ fa’il
Tegese gusti Allah semogeh gak boto nang seng njumenengno,sebab gusti Allah wes jumeneng ono dzate dewe,balane ono 1,rupane:
o Qiyamuhu binafsihi
• Istighna’ mukamil
Tegese gusti Allah semoge gak boto nang seng marakno samporno,mrungu koyo kopeng,ningali koyo moto,dawuh koyo cangkem,dadi gusti Allah gak boto kopeng,moto,cangkem,balane ono 6 rupane:
o Sama’
o Bashor
o Qalam
o Sami’an
o Bashiron
o Muttaqaliman
• Istighna’ maf’ul
Tegese gusAllah semogeh gak boto nang gaweane,balane ono 1,2 sak mokale,rupane:
o Gusti Allah gawe bumi langet sak isine ora di alap faedah
o Mokal lamon bumi langet sak isine di alap faedah
• Istighna’ washito
Tegese gusti Allah semogeh gak boto nang lantaran,balane ono 1,2 sak mokale,rupane:
o Gusti Allah gawe bumi langet sak isine wenang
o Mokal lamon wajib

BAB KEDADEHAN
 Gusti Allah ndadekno menungso seng rupane nabi Adam,Kedadehane songko 4 perkoro rupane:
 Geni
Geni wateke ngadek,Gusti Allah ndadekno nyowo kedadehane songkoh geni,nyowo di wajibno nglakoni ngadeke sembayang,imane iman Hdayah
“Nyowo siro gelem ora gelem lakonono ngadeke sembayang,sumangsane siro yen ora gelem nglakoni ngadeke sembayang,persasat siro ngufuri asal kedadehane nyowo siro dewe,yen sir owes gwelem nglakoni ngadeke sembayang,persasat siro nyukuri asal kedadehane nyowo siro dewe,”
 Angen
Angen wateke ngroboh no,Gusti Allah ndadekno ambekan kedadehane songko angen,Ambekan di wajibno nglakoni rukuke sembayang,imane iman ma’sum.
“Ambekan siro gelem ora gelem lakonono rukuke sembayang,sumangsane siro yen ora gelem nglakoni rukuke sembayang,persasat siro ngufuri asal kedadehane ambekan sairo dewe,yen siro wes gelem nglakoni rukuke sembayang persasar siro nyukuri asal kedadeane ambekan siro dewe”
 Banyu
Bantu wateke munggah mudun,Gusti Allah ndadekno geteh kedadehane dongkoh banyu,geteh di wajibno nglakoni sujude sembayang,imane iman makbul.
“Geteh siro gelem ora gelem lakonono sujude sembayng,sumangsane sir
O yen ora gelem nglakoni sujude sembayang,persasat siro ngufuri asal kedadehane geteh siro dewe,yen siro gelem nglakoni sujude sembayng ,persasat siro nyukuri asal kedadehane geteh siro dewe.”
 Bumi
Bumi wateke meneng,Gusti Alllah ndadekno awak kedadehane songko bumi soson 7,awak di wajibno nglakoni lungguhe sembayang,imane iman syahar.
“Awak siro gelem ora gelem lakonono lungguhe sembayang,sumangsane siro yen ora gelem nglakoni lungguhe sembayang,persasat siro ngufuri asal kedadehane awak siro dewe,yen sir owes gelem nglakoni lungguhe sembayang persasat siro nyukuri asal kedadehane awak siro dewe”
 Dadi sapane wong seng wes wero asal kedadehane,lan wes biso nglakoni asal kedadehane,ngono mao opra pisan-pisan geni nroko wani mangan,lan wes biso melbuh nang hurufe lafal ﺩ ﻡ ﺡ ﺍ
 ﺍ lafal Ahmad isyarahe ngadeke sembayang
 ﺡ lafal Ahmad isyarahe rukue sembayang
 ﻡ isyarahe sujude sembayang
 ﺩ isyarahe lungguhe sembayang
 Khowaidul Islam Iku ono 5,rupane:
 Ma’rifatul ma’but
Tegese kudu weroh dzat kang di sembah.
 Al qona’atul bil maujud
Tegese kudu nerimo nalikane di wujudno
 Al khufu alal khujud
Tegese kudu kandek nalikane pelanggerane syara’
 Al wafaa’u bil ukhud
Tegese kudu nuhuni jani-janjine
 Assobru alal mafqud
Tegese kudu sabar na;likane kesepen.
 Umu Riddin iku ono 4,rupane:
 Kudu bener pegejaane
 Kudu absah petekatane
 Kudu nuhuni janji-janjine
 Kudu ngedohi larangane syara’

BAB CAGAKE AGOMO
 Cagake agomo iku ono 4,rupane:
 Yakin
Tegese yakin,nek nglakoni opo-opo kudu yakin krono Allah,ojo nyupreh bongso dunyo.
 Sabar
Tegese sabar,kudu sabar nglakoni prentah-prentahe Allah,lan kudu sabar ninggalno larangan-larangane Allah.
 Adil
Tegese adil,Nek ono barang khak sak durunge di tekani,luweh disek tekanono.
 Teliti
Tegese teliti,siro ojo lali marang satu siro rupane setan,yen siro lali marang satu siro,setan ora bakal lali marang siro.
• Setan di pecah dadi 12
─ Hasud
─ Mangan barang haram
─ Bodoh
─ Durhaka
─ Murtad
─ Murang-muringan
─ Seneng tukaran
─ Ora wero bab hokum
─ Seneng bantah
─ Seneng mateni uwong
─ Seneng nyacat marang wong liyane
─ Loboh dunyo
 Ponco Drito iku ono 5,rupane:
─ Panggepokan
─ Pangrung
─ Paningal
─ Pangambu
─ Pangroso
 Werno iku ono 7,rupane:
─ Ono Rupane
─ Ono Swarane
─ Ono Ambune
─ Ono Rasane
─ Ono Dzate
─ Ono Wujude
─ Ono Arane
 Babahan iku ono 9,rupane:
─ Kopeng 2
─ Moto 2
─ Erong 2
─ Cangkem
─ Kubul
─ Dubur
 Angguto iku ono 7,rupane:
─ Kopeng
─ Moto
─ Cangkem
─ Tangan
─ Weteng
─ Farji
─ Sekel
 Dalil iku ono3,rupane:
• Dalil Aqli
Tegese pituduhe akal ,balane ono 9,rupane:
─ Wujud
─ Qidham
─ Baqo’
─ Mukholafatu lilkhawadisi
─ Qiyamuhu binafsihi
─ Sama’
─ Bashor
─ Qalam
• Dalil sunah
Balane ono 3,rupane:
─ Sama’
─ Bashor
─ Qalam
• Dalil Khilaf
Tegese pituduh pasulayan,balane ono 1,rupane:
─ Wahdaniyat
 Ilmu 4 diringkes dadi2
• Ilmu Mu’amalah,ringkesane ilmu Syare’at lan Ilmu Toreqot
• Ilmu Mukhossafah,Ringkesane ilmu hakekat lan ilmu ma’rifat
 Ilmu iku ono 3 di beber dadi 6,rupane:
• Thosawor
• Aqli = Gambarane akal seng waras,alam iku wujud
• Dhoruri
• Tasdek
• Aqli = Ditrimone akal seng waras alam iku wujud anyar
• Nadhori
• Tasdek
• Syar’I =Pituduhe syara’ seng waras,oleh-olehane sembayang iku
• Dhoruri wajib
• Thosawur
• Adadi =Di trimone syara’ seng waras sembayang iku kudu
• Dhoruri tandangi
• Thosawur
• Adadi =Pituduhe adat seng waras oleh-olehane panganan iku
• Dhruri nguati
• Tasdek
• Adadi =Di trimone adat seng waras panganan iku ngenaki
• Nadhori
BAB MAMANG
 Mamang nukulno thoma’,thoma’ nukulno ino,ino seng dadi sebab ngaling-ngalingi pengeran.
• Syarate petekatan iku ono 2,
─ kudu gak mamang
─ kudu gak ino.
BAB KUFUR
 Kufur iku ono 4,rupane:
 Kufur Ingkar
Tegese koyo kufure wong seng gak wero pengeran,gak wero dalel,koyo kufure wong nyembah berholo
 Kufur Inat
Tegese koyo kufure wong seng wero pengeran,wero dalel tapi gak gelem iman,koyo kufure Abhi tholib
 Kufur Zuhud
Tegese koyo kufure wong weroh pengeran,tapi gak wero dalel koyo kufure iblis.
 Kufur Nifat
Tegese koyo kufure wong seng gak wero pengeran,tapi wero dalel,koyo kufure wong munafik.
 Syahadat iku ono 3,rupane:
 Syahadat Muta’awilah
Tegese saksi seng disek,syahadate pengeran unine:
─ Innani:setuhune ingson
─ Ana:Yo ingson iki
─ Allah:Allah
─ Laailahailaa:Setuhune ora ono pengeran kejobo
─ Ana:ingson(Allah)
 Syahadat Muta’awilah
Tegese saksi seng tengah ,syahadate khawadis unine:
─ Laailaahaillahha:Nyekseni ingson,setuhune ora ono pengeran kang wajib di sembah kelawan sak temene nanging wujude Allah dewe.
 Syahadat Mutha’akhiro
Tegese saksi pungkasan,syahadate wong islam kabeh unine:
─ .

─ Laailaahaillahha:Nyekseni ingson,setuhune ora ono pengeran kang wajib di sembah kelawan sak temene nanging wujude Allah dewe.
─ Muhammadarrosulullah:Lan nyekseni ingson,sethune gusti nabi Muhammad iku dadi utusane Allah.
 Syahadat gak muni
 Dadi sapane wong seng dadi saksi lan wes wero seng di sakseni,ngonomao kepinaringan perkoro 3
 Nur Hidayah
Dadi sapane wong kang kepinaringan Nur Hidayabakal di dohno songko Musrik utowo duso syirik
 Nur Inaya
Dadi sapane wong kang kepinaringan Nur Inaya bakal di dohno songko duso gedeh
 Nur Kifayah
Dadi sapane wong kang kepinaringan Nur Kifayah bakal di dohno songko krenteke ati olo
 Sembah iku ono 3
 Sembah Adat
Tegese nek wong melbuh nang omahe penggedeh iku di arani sembah adat
 Sembsh syara’
Tegese nek wong nglakoni sembayang 5 waktu iku di arani sembah syara’
 Sembah Akal
 Zakat iku ono 3
 Zakat Adat
Wong nek ngeke’I sak ben
 Zakat Syara’
 Zakat Akal
 Poso iku ono 3
 Poso Umum
 Poso Khusus
 Poso Khususi bil khusus
 Haji iku oo 3
 Haji Adat
Tegese nek wong gawe kopya poteh iku di arani haji Adat
 Haji syara’
Tegese nek wong lungo nang mekah iku di arani haji syara’
 Haji Akal
 Hurufe lafal al-hamdu iku ono 5 ﺩ ﻡ ﺡ ﻝ ﺍ biso ndudokno waktu,waktu iku ono 5
 ﺍ lafal Alhamdu biso ndudokno waktu subuh,seng nduweni nabi Adam,sebab opo sembayang soboh seng nduweni nabi Adam?sebab nabi Adam nduwe ponco boyo 2
• Nabi Adam atine susah,dilarng mangan whoe buah khuldi banjur dilanggar/di pangan
• Nabi Adam atine susah,di usir/ditundung songko surgo wektu wengi,nabi Adm banget susahe,banjur nglakoni sembayang tobat,sek oleh 2 roka’at wes katon padang,banjur nabi Adam langsong salam,rumongso tobate di trimo banjur nabi Adam enak-enakan leren,banjur nabi adam di dawuhi karo gusti Allah,”He Adam,siro ojo enak-enakan leren,siro ngono sek nduwe ponco boyo Driyo mengkuh jihat 2,kasar lan alus ngono mao syukurono.”banjur nabi Adam sakben-sakben gepok kasar utawi alus,langsong sembayang syukur gak leren-leren,suwene suwe nabi Adam rumongsoh gak kuat ,banjur matur mrng gusti Allah”duh gusti,menawi di atur kados mekaten,kulo mboten kuat,kulo ntuwon keringanan”Banjur nabi Adam di dawuhi karo gusti Allah,He Adam,yen siro temen-temen ora kuat,sak iki siro whae sakben-sakben waktu soboh sembayango 2 roka’at,ngono ma owes klebu nyukuri ponco driyo mengkuh jihat 2,kasar lan alus.”
 ﻝ lafal Al hamdu biso ndudokno waktu sembayang dzuhur 4 roka’at,seng nduweni nabi Ibrahim ,sebab opo sembayng Dzuhur seng nduweni ko’ nabi Ibrahim?,sebab nabi Ibrahim nduwe ponco boyo 4:
• Nabi Ibrahim atune susah,sebab di goleki polisi mergo mari ngepruki berholo
• Nabi Ibrahim atine susah sebab di pasang ndok planakane plencungan ,ape di obong
• Nabi Ibrahim atine susah sebab bojone di rampas karo rojo ndolim
• Nabi Ibrahim atine susah waktu di kong-kon nyembeleh anake,banjor di slametno karo gusti Allah.
Banjur nabi Ibrahim nglakoni sembayng syukur 2 roka’at,mari sembayang nabi Ibrahim enak-enakan leren banjur didawuhi karo gusti Allah,”he Ibrahim ojo siro enak-enakan leren,siro ngono sek nduwe ponco driyo pangrungu mengkuh jihat 4 elor,kedol,wetan,kulon ngono mao syukurono”dadi sakben-sakben krungu langsong sembayang syukur gak leren-leren.suwene-suwe nabi Ibrahim rumongso gak kuat,banjur matur marang gusti Allah,”duh gusti menawi di atur kados mekaten kulo mboten kuat,kulo nyuwon keringanan,”banjur nabi Ibrahim di dawuhi karo gusti Allah”he iobrahim,yen siro temen-temen ora kuat,sak iki siro wae saben-saben waktu dzuhur sembayango 4 roka’at,ngono ma owes klebu nyukuri ponco driyo pangrungu mengku jihad 4 elor,kedol,wetan,kulon.
 ﺡ lafal Al hamdu biso ndundokno waktu sembayang Ashar 4 roka’at,seng nduweni nabi Yunus,sebab opo sembayng ashar seng nduweni nabi Yunus?sebab nabi Yunus nduwe ponco boyo 4:
• Nabi Yunus atine susah waktyu di buru kaume
• Nabi Yunus atine susah waktu kepetengan nok njero segoro
• Nabi Yunus atiune susah waktu kepetenganm nok njero wetenge iwak nun
• Nabi Yunus atine susah waktu kepetengan nok njero ususe iwak nun
Banjur di slametno karo gusti Allah,banjur abi Yunus semabyang syukur 2 roka’at,mari sembayang nabi Yunus enak-enakan leren banjur di dawuhi karo gusti Allah,”he yunus,ojo siro enak-enakan leren,siro ngono seknduweni ponco driyo pangambu mengku jihad 4,elor,kedol,wetan,kulon ngono mao syukurono.”Dadi nabi Yumnus saben-saben ngambu langsong sembayang syukur gak leren-leren,Suwene –suwe nabi Yunus rumongso gak kuat,banjur matur marang gusti Alllah,”Duh gusti,menawi di atur kados mekaten,kulo mboten kuat,kulo nuwun keringanan,”banjur nabi Yunus di dawuhi karo Gusti Allah”he Yunus,yen siro temen-temen ora kuat,sak iki siro whae saben-saben waktu Ashar senbayango 4 roka’at,ngono ma owes klebu nyukuri ponco driyo pangambu mengku jihad 4 elor,kedol,wetan,kulon.
 ﻡ Al hamdu biso ndudokno waktu sembayang Maghrib 3 roka’at,sebab opo sembayang Maghrib seng nduweni ko’ nabi Isa,sebab nabi Isa nduweni ponco boyo 4:
• Nabi Isa atine susah waktu ibune di todoh Zina
• Nabi Isa atine susah waktu di anggep pengeran
• Nabi Isa atine susah waktu di buru kaume
Banjur di slametno karo gusti Allah,Banjur nabi Isa sembayang syukur 2 roka’at,mari sembayang nabi Isa enak-enakan leren,banjur di dawuhi karo gusti Allah”He Isa ojo siro enak-enakan leren,siro ngono sek nduwe ponco driyo paningal mengku jihad 3 nagarep,kiwo,tengen ngono mao syukuirono”,dadi nabi Isa sakben-sakben ningali langsiong sembnayang syukur gak leren-leren,banjur matur marang gusti Allah”Duh gusti,menawi di atur kados meka ten kulo mboten kuat,kulo nyuwon keringanan”,banjur nabi Isa di dawuhi karo gusti Allah”he Isa,yen siro temen-temen ora kuat,sak iki siro whae sakben-sakben waktu maghrib sembayango 3 roka’at,ngono ma owes kelebu nyukuri ponco driyo paningal mengku jihad 3 ngarep,kiwo,tengen.
 ﺩ lafai Al hamdu biso ndusokno waktu sembayang Isya’ 4 roka’at,seng nduweni nabi Musa,sebab opo sembayang Isya’ ko’ seng nduweni nabi Musa?sebab nabi Musa nduwe ponco boyo 4:
• Nabi Musa atine susah sebab di goleki polisi ,sebab mari mateni kaum Qipti
• Nabi Musa atine susah di tondong songko negarane
• Nabi Musa atine susah sebab di prentah perang moso Fir’aun
• Nabi Musa atine susah waktu di buru Fir’aun sak balane
Banjur di slametno karo gusti Allah,banjur nabi Musa sembayang syukur 2 roka’at,mari sembayang nabi Musa enak-enakan leren banjur di dawuhi karo gusti Allah”He Musa,ojo siro enak-enakan leren,siro ngono sek nduwe ponco driyo pangambu mengku jihad 4 elor,kedol,wetan,kulon.ngono mao syukurono”dadi saben-saben nabi Musa ngambu langsong sembayang syuikur gak leren-leren.suwene suwe nabi Musa rumongso gak kuat banjur mator marang gusti Allah”duh gu sti ,menawi di atur kados mekaten kulo mboten kuat,kulo nyuwun keringanan”banjur nabi Musa di dawuhi karo gusti Allah”He Musa,yen siro temen-temen ora kuat,sak iki siro whae saben-saben waktu Isya’ sembayango 4 roka’at,ngono mao wes klebu nyukuri ponco driyo pngambu mengku jihad 4 elor,kedol,wetan kulon.
 Hurufe lafal Al hamdulillah iku ono 8 هـ ﻝ ﻝ ﺩ ﻡ ﺡ ﻝ ﺍ biso ndudokno suargo,suargo iku ono 8:
 Dzul jala
 Darus Salam
 Jannatul Ma’wah
 Jannatul Na’im
 Jannatul Firdaus
 Jannatul Adnim
 Jannatul Qhoror
 Neroko iku ono 7 undak:
 Neroko jahanam
Genine luwe panas ketimbang geni ndunyo,tikel 70
 Neroko Syair
Genine luwe panas ketimbang genine neroko jahanam,tikel 70
 Neroko Khutomah
Genine luwe panas ketimbang genine nerokoSyair,tikel 70
 Neroko Ladho
Genine luwe panas ketimbang genine neroko Khutomah,tikel 70
 Neroko Syakhor
Genine luwe panas ketimbang genine neroko Ladho,tikel 70
 Neroko Jazhim
Genine luwe panas ketimbang genine neroko Syakhor,tikel 70
 Neroko Hawiyah
Genine luwe panas ketmbang genine neroko Jazhim,tikel 70
Neroko Hawiyah iku neroko kang paleng nisor dewe,genine luwe panas katimbang geni neroko jahanam tikel 790,lamon geni neroko jahanam di jepek sak gambir whae,banjur di gantung ono ing antarane langet lan bumi mongko leleh sebab kepanasan,
Geni kang sak gambir mao,dene wong-wong kafir sak durunge di gereng nang panggonane dewe-dewe lewat neroko jahanam,rupane male ireng-ireng,motone podo mecicil kabeh.
• Neroko jahanam,seng ngenggoni wong kang gawene ngino –ngino utowo nyepelekno wong kang ora nduwe utowo fakir miskin,bakal dadi balane Al walid bin Al mughiro.
• Neroko Syair,seng nganggoni wong nasroni lan wong kang ora ngimanake poro utusan,bakal dadi balane Abu lahab lan Abu jahal.
• Neroko Khutomah ,seng ngenggoni wong Yahudilan wong kang penggaweane ngalang-ngalangi kemajuahane islam,bakal dadi balane Ka’af bin Asrof.
• Neroko Ladho,seng genggoni wong kang manot marang iblis,koyo wong kang Ahli dengki lan wong kang nganioyo sepodo-podohe kang tanpo duso,lan kafer Majusi,bakal dadi balane iblis lan Qobil.
• Neroko Sakhor,seng nganggoni wong kang nyembah berholo.
• Neroko Jakhim,seng nganggioni wong kang Musrik
• Neroko Hawiyah,seng nganggoni wong munafek lan wong kang ahli gumedhe utowo kemluhur bakal dadi balane Fir’aun.
 Syaratye wong mooch syahadat
Kudu netepi utowo ngreksoh perkoro 3:
 Nur hidayah
 Nur Inayah
 Nur Kifayah
 Syarate Islam iku ono 4:
 Sabar marang hukume Allah
 Ridho marang hukume Allah
 Yakin serto ikhlas
 Nurut dawuhe Allah lan Utusane
 Tandahe Islam iku ono 4:
 Ngasorno awake marang Allah
 Suci Lesane
 Suci badane
 Suci wetenge saking barang haram
 Rusake islam iku ono 4:
 Ngelakoni kelakuan ora wroh wajib,sunnah,wenang
 Weroh ora gelem nglakoni
 Ora weroh ora gelem takok
 Nyeloh-nyeloh marang wong kang gawe kebagusan
 Alamate Islam iku oo 20:
1. Atine tetep olehe nglakoni Agomo islam
2. Ngegongno agomo islam
3. Wirang marang Allah
4. Aris
5. Ngasorno awake marang Allah
6. Lemes
7. Ahli welas
8. Asih
9. Tandang abote wong ngabekti
10. Sabar
11. Jadmiqo,tegese ora guyon yen ora patot mungguhe syar’
12. Ahli seneng gawe kebagusan
13. Mateni srengen marang wong kang duwe salah
14. Ngabekti marang allah
15. Tinggal persoalan
16. Tinggal perbuatan
17. Bener ceritane
18. Nuhune janji-janjine
19. Nuwehno titipan
20. Nulih-nulih agawe kebagusankang patut marang awake
 Rukune sembayang iku ono 17,kang ono khikmahe iku ono 13
1. Niat
Khikmahe kanggo mbagusno awak ono akhirat
2. Ngadek
Hikmahe kanggo jembarno ono kuburan
3. Takbirotul Ihrom
Hikmahe kanggo dammar ono kuburan
4. Moco Fatekha
Hikmahe kanggo wernohe sandangan ono kuburan
5. Rukuk
Hikmahe kanggo lemek ono kuburan
6. I’tidal
Hikmahe kanggo minuman ono telogo kausar
7. Sujud
Hikmahe kanggo iso liwat ono sirotol mustaqim koyo kilat
8. Lungguh antarane sujud
Hikmahe kanggo panceng ono nduwure khuluk
9. Moco takhiyat
Hikmahe kanggo penjawabe pitakone malaikat mungkar nangkir
10. Longgoh Tahiyat
Hikmahe kanggo tumpakan ono maksar
11. Moco solawat
Hikmahe kanggo keslametan ono dino kiamat
12. Moco salam
Hikmahe kanggo melbuhe suargo tanpo hisab
13. Tertib
Hikmahe kanggo tinenuhe marang Allah
Insya’ Allah
 Syarate Iman iku ono 10:
1. Asih marang gusti Allah
2. Asih marang malaekate Allah
3. Asih marang kitabe Allah
4. Asih marang nabine Allah
5. Asih marang waline Allah
6. Getting marang wong kang mungsuhi Allah
7. Wedih marang seksane Allah
8. Arep-arep rohmate Allah
9. Ngegongno marang prentahe Allah
10. Ngegongno marang cegahe Allah serto ihklas nyingkiri larangane
 Rusake iman iku ono 10:
1. Ngarani Allah 2 utowo luwe teko siji
2. Ngelakoni penggawean,harom serto wenang penggaweane
3. Ngerusak sepodo-podohe serono dalan p-enggaweane
4. Nyulayani sepodo-podohe serono wenang penggaweane
5. Ngentengno ibadah
6. Ora wedi marang guru imane
7. Nyerupani marang penggawene marang wong kafir
8. ]Medotno Rohmate Allah
9. Nganggo penggaweane wong kafir
10. Sak lawase orep ora gelem madep kiblat
 Sempurnane Iman kudu ninggal marang 4 kalimat
1. Tinggal kaifah
Artine koyo opo Allah
2. Tinggal Kam
Artine piro Allah
3. Tinggal Matak
Artine kapan Allah
4. Tingal Ainah
Artine ono endi Allah
 Bab khlale wong lanang marang wong wadon
• Marang bojone
• Perlu di tontoni
• Marang gurune
• Marang wong tuane
• Jual-beli
• Pegawe dokter
• Pegawe kantor
• Muhrim
 Kiblat iku ono 5:
• Kiblat Arsyu rahman
Kiblate malaekat khafi
• Kiblat Al qursi
Kiblate malaekat Qirom/malaikat mukorrobin
• Kiblat Baitul ma’mur
Kiblate malaikat jibril
• Kiblat baitullah
Kiblate wong islam
• Kiblat Fa’ainamtuwallu Fastsammah wajhullah
Kiblate wong bengong
 Nafsuh iku ono 7:
• Nafsuh Amarah
• Nafsuh Lauwama
• Nafsuh Mulhima
• Nafsuh Mutma’inah
• Nafsuh Rhodiyah
• Nafsuh Mardiyah
• Nafsuh Ubudiyah
 Nafsuh Amaro lan nafsu Lauwamah balane ono 7:
• Bakhil dalile al mujahadah ayat 11
• Lhobo Dunyo Ali imron ayat 18
• Bodo Ali imron ayat 14
• Takabur innallah laa yukhibbuh mutakhobbilin”sak temene Allah iku ora
marang wong-wong kang podo takabur”
• Khasud
• Murang-muringan
• Tomak
 Nafsu Mulhimah lan nafsu Mutma,inah balane ono 6:
• Welas
• Asih
• Ibadah
• Syukur
• Ridho
• Khosiyah
 Nassuh Rodhiyah balane ono 5:
• Mulyoh
• Juhud :Wibawah
• Warok :Ati-ati
• Riyadho:Mencari Ridho
• Wafak :netepi
 Nafsu Mardiyah balane ono 4:
• Tarkumah siwahu
• Welas marang mahkluk
• Nyepuro marang keluputane mahkluk
Ngetokno marang kepetengane mahkluk,di tokno marang kepadangane mahkluk
 Nafsu Ubudiyah balane ono 3:
• Ilmul Yaqin
• Ainul Yaqin
• Khaqul Yakin
 Kabiroh
 Allahu Akbar : Gusti Allah moho agung
 Kabiro : Kelawan agung sak temene
 Wal hamdulillahi : lan sekabehe puji iku keduwe Allah
 Kasiroh :klang ake-ake
 Waa subhanallah :kang moho suci
 Bukrotan :Ing mongso isok-isok
 Wa asilah :lan sore – sore
 Inni : setuhune ingson
 Wajjahtu : ngadep ake ingson
 Wajhiya : lan rai ingson
 Lilladzi : marang dzat
 Fatorossamaawaati : kang wes gawe 7 langit
 Wal arrdho : lan 7 bumi
 Kha ni fam : kale condong
 Muslimah : tur pasrah
 Wamaa anaminal musyrikin:Lan kulo niki,sanes golongan tiang-tiang musrik
 Innaa sholaati :Setuhune sholat kulo
 Wnusuqi :lan ibadah kulo
 Wamah yaa ya :Lan urip kulo
 Wama maati :Lan mati kulo
 Lillaahi :Iku keduwe Allah
 Robbil Almin :Kang manggrami sak alam kabeh
 Laa syarii kalahu :Ora ono kang nyekutoni kelawan mengkono-mengkono
 Wabidha likaumirtu :Lan den prentah ake ingson,ora nyekuto ake kelawan
mengkono-mengkono
 Wa ana minal muslimin:Lan kulo niki termasuk golongane tiang-tiang muslim.